Rabu, 24 Oktober 2012

contoh karangan eksposisi dalam bahasa jawa

SISKAMLING

  sistem keamanan lingkungan lumrahe dicekak siskamling, iku pinangka gegenengane para wargane RT lan RW ing babagan njaga tata tentreme bebrayan. tata tentreme kampung ora mung dadi tanggung jawabe para nara praja, nanging uga dadi tanggung jawabe wargane kampung.

  majune jaman pranyata uga dibarengi karo majune tumindak dursila. mula jaman uga kudu dikhanteni undhake kawaspadan ing bab njaga tata tentreme bebrayan. umpane, sarana nindakake sistem keamanan lingkungan utawa siskamling kuwi. cakcane siskamling kuwi upamane anane rondha, pranatane kampung kang majibake para wargane kampung gawe kenthongan, pranatan manawa ana tamu sing nginep kudu dilapurake marang pangarsane RT utawa RW, lelungan adoh kudu nggawa surat katrangan, pindhah alamat kudu lapur marang kang kawongan, lan liya liyane.

  kajaba bab-bab kaya kang kasebut ing dhuwur kuwi, ora lali para wargane kampung uga kudu tansah njaga kawilujengane dhewe-dhewe, sarana ngudhakake pangati-atine. umpamane, ing wayah bengi cendhela lan lawang kudu diinep lan dikancing, lan ora ninggal barang gletak-gletek saenggon-enggon.

  manawa kabeh wargane kampung padha njaga kawilujengane dhewe-dhewe, lan munggahe padha gotong royong guyup rukun njaga tentreme kampunge, wis mesthi kahanane bebrayan tansah ayem tentrem, adoh ing rasa was sumelang.